Senin, 23 Februari 2009

FW: Keong Cilik sing ora narima ing pandum

Keong Cilik sing ora narima ing pandum *
**
Ing sapinggire kali kang banyune bening kinclong-kinclong, ana sawijining
Keong Cilik kang urip mapan ing omahe kang uga cilik.
Omahe Keong Cilik mau
pancen prasaja tur maneh rupane ireng.


Keong Cilik sedhih banget atine awit dheweke urip lola. Bapak ibune wis
suwe tilar donya. Begjane ing papan kono akeh kancane. Kanca-kancane padha
apik atine. Saben dina Keong Cilik dijak dolanan supaya kelipur atine.


Kabeh padha sayuk rukun. Mula, dina-dina tansah diisi kanthi suka gumbira.
Ananging, keri-keri iki Keong Cilik sajak susah banget atine. Kabeh mau dudu
amarga dheweke kangen karo bapak lan ibune. Ananging Keong Cilik sajak
kurang marem karo omahe sing cilik. Rumangsane, omah mau cilik banget lan
sumpek kanggo dheweke.


Si Kupu Kuning sajak ngerti yen Keong Cilik lagi sedhih atine, banjur takon,
"Keri-keri iki kowe tansah katon sedhih, satemene ana apa ta, Keong? Yen ana
bot repote becike dionceki bareng-bareng, mula baresa marang aku sapa ngerti
aku bisa aweh pitulungan".
"Aku mung jeleh karo omahku. Omahku cilik banget. Rasane sumpek," wangsulane
Keong Cilik.


Nalika Keong Cilik lan Kupu Kuning lagi guneman, dumadakan ana Bekicot liwat
ora adoh saka papan kono.
"He, Keong...priye kabare?" Bekicot takon.


"Sae, Pak Bekicot!" Keong Cilik rada kaget, awit kawit mau sing digateke
mung omahe Bekicot sing gedhe tur cete werna kuning.
"Kupu kuning, kowe ya apik-apik wae, ta?"
"Inggih, Pak Bekicot...kabar kula ugi sae...." wangsulane Kupu Kuning. Ora
sranta Keong cilik kawetu omonge, "Wah, Pak Bekicot mesthi seneng duwe omah
apik tur gedhe...."


"Lha, ya omah sing kaya duweke Pak Bekicot mau sing dakpengini...." Keong
cilik wadul marang Kupu Kuning.
"Lha arepmu golek wae menyang ngendi? Apa ana sing gelem ijolan karo omahmu
kuwi?" Kupu Kuning sekarep ngelingake Keong Cilik.
"Pokoke aku arep mbudidaya ben kekarepanku kelakon," Keong Cilik sajak
ngeyel.


Keong Cilik isih aras-arasen lungguhan ing sapinggire kali. Ora pantaran
suwe kanca-kancane padha teka. Kajaba Kupu Kuning, uga ana Kodhok, Uler,
Kucing, Bebek, Iwak lan kanca-kanca liyane.
"He, kanca-kanca, sedhela meneh aku bakal ganti omah," Keong Cilik umuk
marang kanca-kancane.


"Wah hebat kowe, Keong!"ujare Kodhok.
"Ooalah...kowe kuwi lucu. Apa samengkone ora kaya bocah cilik sing nganggo
klambine bapake!" Kodhok wangsulan.
"Pokoke aku tetep nganggo omah sing gedhe kaya sing wis dakpesen!" ujare
Keong cilik banjur ninggalake kanca-kancane.


Keong Cilik banjur mlaku turut dalan golek omah kaya modhel duweke Pak
Bekicot. Nalika lagi mikir-mikir, dumadakan dheweke ngerti ora adoh saka
papan kono ana omah bekicot kang wis suwung marga ora dingo maneh dening
sing duwe.


"Lha, ya kae omah sing banget dakdama-dama. Ateges ora muspra anggonku
kedharang-dharang tekan kene!" Keong Cilik atine bungah banget.
Keong Cilik wis ora sabar maneh. Omahe sing cilik tur ireng banjur dilukar.
Saiki dheweke wis manggon ana omah gedhe tilase bekicot.


Ananging kepriye dadine? Pranyata Keong Cilik ketok yen krenggosan marga
kabotan nggawa omahe sing anyar amarga ukurane pancen gedhe tenan.
Pranyata kabeh kanca-kancane padha ora seneng. Keong Cilik saiki ora dijak
dolanan dening kanca-kancane. Kabeh mau dirasa dening Keong Cilik yen
kanca-kancane saiki meri awit dheweke duwe omah anyar.


Dina iku Keong Cilik isih rumangsa wegah-wegahan. Kabeh mau amarga awake
kekeselen saka anggone nggawa omahe sing ukurane luwih gedhe kuwi. Ujug-ujug
ana bulus liwat ing sacedhake.


"Wow, omahe bulus pranyata luwih gedhe. Aku bakal ganti omah sing luwih
gedhe kaya duweke bulus kae," Keong Cilik sajak ora bisa narima karo
paringane Gusti Allah.


Kanthi nggremet Keong Cilik golek omah bulus sing wis ora kanggo. Mula saiki
Keong Cilik wis nganggo omah gedhe tilase bulus.
"Uh, abot banget," grenenge Keong Cilik.


Sawise ganti omah, Keong Cilik sekarep pamer marang kanca-kancane. Nanging
pranyata awake ora bisa mingket. Kepriye wae omah bulus pancen abot temenan.

Nanging Keong Cilik ora kendho. Ananging, durung suwe anggone leren,
dumadakan ana Tikus liwat. Antarane Keong Cilik karo Tikus wus suwe
jothakan.
Ngerti yen mungsuhe ana kono, Tikus enggal nyedhaki. Keong Cilik njomblak
marga kaget lan wedi. Keong Cilik banjur ndhelik ing sanjerone omah. Ning,
omah mau isih nggronggong. Dadine, mesthi wae Tikus isih bisa nyekel
dheweke. Mulane, ora ana cara liya maneh kajaba mlayu.


Omahe sing anyar wis ora digagas. Sing penting awake slamet saka pangoyake
mungsuh. Ananging Tikus sajake wis ora sranta bakal ngajar Keong Cilik.
Mula, menyang endi playune Keong Cilik, terus diuber.


Untung wae, sikile Tikus kesandhung watu.
Sikil iku banjur dhingklang. Mula
dilereni pangoyake marang Keong Cilik. Kabeh mau dadi slamete Keong Cilik.
Sabanjure, Keong Cilik lagi eling yen omah mono pancen penting. Kajaba bisa
kanggo ngeyup, nyatane uga bisa kanggo nylametake awak saka pokale mungsuh.


Saupama Keong Cilik isih mapan ing sanjerone omahe sing cilik, mesthi wae
ora susah mlayu-mlayu kaya mangkono. Mula, sawise ilang rasa kesele, Keong
Cilik banjur nggoleki omahe sing wis suwe disuwungake. Kabeh polah tingkahe
Keong Cilik mau pranyata tansah digateke dening kanca-kancane.


"Kowe malah ketok ayu yen ana omahmu sing asli, lho..." ujare Kodhok.
"Tur maneh, kowe ra sah mlayu-mlayu lamun Tikus teka. Cukup ndhelik ing jero
omah, Tikus wis kangelan nyekel kowe!" Kucing nuturi.
"Sing diomongake kanca-kanca kuwi bener. Aku sakanca kabeh seneng yen kowe
saiki wis eling. Awit Gusti Allah kuwi Maha Adil. Kabeh wis diparingi trepe
dhewe-dhewe. Mula ayo padha disukuri!" Kupu Kuning melu nuturi.


Keong Cilik eling marang keluputane. Sasuwene iki ora tau ngrewes pituture
kanca-kancane. Sabanjure dheweke njaluk ngapura marang kanca-kancane.
Kanca-kancane padha aweh pangapura lan sabanjure ngejak Keong Cilik dolanan
ing sapinggire kali maneh. ::*Parno Parpal Poerwanto*::

Tidak ada komentar: